Wimbuh Kawruh Materi Bahasa Jawa Kangge Ngadhepi PTS Kelas 7

Jenis Cerita Jawa :

Fabel : isine crita bab kewan

Mite : isine crita bab roh alus/ dewa

Legenda: isine crita bab asal usul papan panggonan

Sage : isine crita kang ana unsur sejarahe

Wewaton ,paugeran, aturan tembang macapat :

Guru lagu : tibane swara ing pungkasan gatra

Guru gatra : cacahe  gatra/ baris saben sapada( sabait )

Guru wilangan: cacahe wanda ( suku kata ) saben sagatra



Serat Wulangreh

Karipta dening Sinuwun Pakubuwana IV

Ditulis ing akasara jawa

Wujude pupuh tembang macapat lan tembang tengahan

Gunane kanggo piwulang marang putra putri pakubuwana IV lan abdi dalem kraton surakarta.

Serat wulangreh ditulis ing 13 pupuh  tembang macapat lan tengahan

Piwulang ing serat wulangreh : - Bab Tatakrama, ngendhaleni hawa nepsu, bekti marang Gusti Allah SWT, mangerteni bab ala lan becik,

Lan kudu  pinter milih kanca lan guru

Bab kang magepokan / ana gandheng cenenge karo tembang macapat

1. Cakepan : rerangening ukara kang wujud syair tembang
2. Paugeran, wewaton, aturan : wujud guru lagu,wilangan, gatra
3. Pada : bait (satembang )
4. Pupuh : dumadi sangka tembang macapat kang sajenis paling sithik rong pada( dua Bait tembang )
5. Titio laras: Tuntunan nglagokake tembang macapat
6. Laras : rasa nglagokake tembang bab dhuwur cendheke swara

Gladhen Ing Pasinaon.

Wansulana pitakon ngisor Iki !


1. Sapa kang nripta serat wulangreh iku ?
2. Tembang macapat iku ana pira ?
3. apa sing diarani teks natrasi ?
4. kanggo dsapa piwulang serat wulangreh iku ?
5 apa paugerane tembang macapat iku ?
6. apa paugerane tembang macapat pangkur iku ?
7. Diripta nganggo aksara apa serat wulangreh iku ?
8. Serat wulangreh ditulis awujud tembang apa lan apa ?
9. apa tegese tembung ngisor iki ...
a. Winarna........
b. Lelabuhan.......
c. Ratri.......
d. prayoga.......
e. Adat waton.....
f. Datan......
g. Anendra.......
h. Miwah......
10. Miwah ta sabarang karya, ing prakara kang gedhe kalawan cilik, papat iku aja kantun, kanggo sadina-dina, rina wengi nagara miwah ing dhusun, kabeh kang padha ambegan, papat iku datan kari. Coba gawenen basa gancaran( disalin g ing terjemahan bebas ) !
Apa isine tembang ing dhuwur !