Cerita Wayang Anoman Duta Bahasa Jawa Kelas 9

Cerita Wayang Anoman Duta Bahasa Jawa Kelas 9

Kacarita Dewi Sinta kacidra denin Prabu Rahwanadinaraja, amarga arsa kapundhut dados garwanipun. Trekah wau linambaran kapitayan menawi Dewi Sinta punika jemaan widadari sesilih Dewi Laksmi,dewanipun kabegjan saha kabahagyan.



Prabu Ramawijaya arsa nglurug dhateng praja Alengkadiraja kapurih ngrebat Dewi Sinta,ananfing mboten pursa panggenan anggenipun ndhelikaken Dewi Sinta.

Giligingtekad Ramawijaya dhawuh utusan dhateng Anoman supados ngupadi wonten pundi Dewi Sinta dipundhelikaken. Saderingipun Ramawijaya sampun kirim telik sandi dhateng Alengkadiraja, nanging dereng wonten asilipun. Pramila Ramawijaya utusan Anoma. Anoman kapiji dafos teluk sandinipun Ramawijaya amargi dipun anggep sekti mandraguna, sanajan piyambakipun awujud wanara seta.

Dipun wastani sekti mandraguna amargi Anoman kagungan sedaya ngelmu kang agsl napadene lembut. Anoman rumaod mongkok msnahipun pikantuk ngayahi jejibahan luhur punika.

Ananging tanpa kanyana- nyana Anggada ratunipun Wanara Kiskinda inggih badhe arsa jejibahan wau. Lajeng kekalihipun dados  gerejegan,pancakara utawa padudon. Ing satengahing padudon, Laksmana pirsa, Lajeng kekalihipun dipun sowanaken   dhateng Prabu Ramawijaya . Kekalihipun dipun dangu dening Prabu Ramawijaya  sinten ingkang sanggah ngayahi jejibahan niki kanthi wekdal singkat.

Anoman semagah setunggal dinten rampung, dene Angga rumaos mboten saget, amargi kalah digdaya kaliyan Anoman.

Dewi Sinta wis kelakon diboyong menyang Alengkadiraja dening Rahwanadiraja.Dewi Sinta dipapanaje ing Taman Sriwedari. Ing kono dikancani dening Dewi Trijatha, Dewi Trijatha iku putrine Gunawan Wibisana yaiku adhine Prabu Rahwanadiraja. Ing taman keputren iku Dewi Sinta ora gelem mangan lan adus. Awake nganti kuru aking, rambute gimbal. Dewi Sinta kaya mengkono kui duwe tujuan supaya Rahwanadiraha ora sido ngepek bojo dheweke. Dewi Sintakanggo jaga keslametane dheweke tansah gawa cundrik yaiku gaman awujud keris cilik kang dituncepake ing sanggule .Samangsa mangsa Rahwana teka arep ngrudapeksa, dheweke banjur ngancsm arep nglalu utawa bunuh dhiri.

Utawa lampus dhiri.

Ing beda panggonan, Prabu Ramawijaya dadi ratu ing wewengkon Guwa  Kiskinda. Kiskinda iku rakyate akeh sing wujud kethek. Ing kono Ramawijaya utusan salah sijining kethek putih kang arane Anoman. Anoman iku jethek kang sekti mandraguna.
Singkat cerita Anoman diutus dadi sisik melik e Rama menyanf kraton Alengjadiraja. Anoman kasil ketrmu Dewi Sinta lan Dewi Trijatha, Anonan menehaje ali-ali marang Dewi Sinta minangka pesene Ramawijaya kang garwa. Anoman banjur pamit bali.
Emane Anoman konangan dene para prajurite Prabu Rahwana.Anoman dirangket lan disowanke dening prabu Rahwana ing alun- alun. Anoman dening Rahwana diukum obong. Nalika diobong kena buntute anoman pencolotan mlayu ing wrwangunan, apa wae sing encoki Anoman ketut kobong. Wusanane kraton Alengja dadi segara geni, kobong kabeh.

Prabu Rahwana nesu lan prentah marang prajurite supaya nyekel Anoman. Nanging Anoman kasil lolos lan bali aweh palapuran marang prabu Ramawijaya menawa sampun pinanggih kaliyan Dewi Sinta lan maringaken ali alinipun.

Unsur Intrinsik cerita wayang
1. Tema/topik : underaning isining cerita.
2. Paraga : jemenge para paragabing crita.
3.  Watak : sifat kang ana ing para paraga.
4. Latar wektu : wektu kang digunaaje ing crita.
    Latar panggonan : panggonan kang nuduhake crita .
    Latar suasana : kahanan kang ana ing gambaran crita.
5. Alur : runtutaning crita saka wiwitan nganti pungkasan.
6. Amabat/pesan moral : nilai kebaikan lan keburukan ing crita.

Kegiyatan siswa :
1. Crita Anoman Obong iku golekana unsur intrinsike !
2. Crita kang nggunaake bada ngoko iku gantinen kanthi basa krama alus !
3. Ditulis ing bukumu banjur dikumpulake marang guru.
     Sadurunge bisa di wa lewat group. 
                    

Kegiyatan siswa :
1. Golekana tembung-tembung sing angel banjur tulisen ing bukumu cerita wayang ing dhuwur !
2.Cerita kasebut nggunaake basa krama, gantinen kanthi basa ngoko !