Serat Wulangreh Pupuh Dandanggulo Materi Pembelajaran Mapel Bahasa Jawa Kelas 9 Pertemuan Kedua

TEMA BUDI PEKERTI 
KELAS IX

SERAT WULANGREH PUPUH DANDANGGULA


Tujuan Pembelajaran :
Mangerteni isine serat wulangreh pupuh Dandanggula.
Nemtokakake tegesebtembung utawa tembung liyane, tembung-tembung ing jero serat wulangreg pupuh Dandanggula.



Kompetensi Dasar :
3.2. Menelaah teks serat Wulangreh pupuh Dandanggula.
4.2. Menulus syair tembangmacapat Dandanggula. 

Indikator Pembelajaran :
3.2.2. Mendiskusikan dan mengartikan kata-katabyang dianggap sulit dalam konteks kalimat.
4..2.2 Mengidentifikasikan dan mendiskusikan ciri -ciri tembang Dandanggula.

Serat wulangreh iku tembung asale saka Wulang lan Reh.
Wulang ateges ajaran Utawa pitutur. Reh ateges pranatan, cara, laku utawa tuntunan.
Dadi wulangreh duweni teges ajaran / tuntunan kanggo nggayuh urip supays selaras / harmoni.

Serat Wulangreh iki dikarang/dianggit dening Sri Susuhunan Pakubuwono IV. Yaiku ratu ing keraton Surakarta Hadiningrat. 
Serat Wulangreh saiki disimpen ing musiom RADYA PUSTAKA ing Solo.

Serat Wulangreh pupuh Dandanggula iki kedadeyan saka VIII/8 pada/bait. Uga diarani sapupuh.
Pupuh yaiku kumpulaning pada ing tembang Macapat. Kanthi ditandhani angka Romawi.

Tembang Dandanggula Duweni watak : kewes, luwes lan resep.
Tembang Dandanggula duweni paugeran kayata :
Guru gatra : 10, guru wilangan : 10,10,8,7,9,7,6,812,7 guru lagu : i,a,e,u,i,a,u,a,i,a.

Tuladha tembang Dandanggula 

I. Pamedharing wasisataning ati,

Cumanthaka aniru pujangga,
Dahat mudha ing batine,
Nanging kedah ginunggung,
Tan wruh lamun akeh ngesemi,
Ameksa angrumpaka,
Basa kang kalantur,
Tutur kang katula tula,
Tinalaten rinuruh kalawan ririh,
Mrih padhanging sasmita.

II. Sasmitaning ngaurip puniki

Mapan ewuh yen nora weruha
Tan jumeneng ing uripe
Akeh kang ngaku aku
Pangrasane ssmpun udani
Tur durung wruhing rasa
Rasa kang satuhu
Rasaning rasa punika
Upayanen darapon ugi
Ing kairipanira.

Kegiyatan siswa :
1. Coba golekana tembung-tembung kang angel ing tembang Dandanggula rong pada ing dhuwur banjur tulisen ing bukumu lan golekana tegese ing kamus basa Jawa !
2. Yen wis ketemu,banjur gancarna/tegesna tembang mau kanthi nggunakake basamu dewe !
3. Hasile dikumpulake menawa mlebu sekolah besuk !