Serat Wulangreh Pupuh Gambuh Materi Pembelajaran Mapel Bahasa Jawa SMPN 3 Mojogedang

SERAT WULANGREH PUPUH GAMBUH
BAHASA JAWA KELAS VIII



Tujuan Pembelajaran : 
Maca kanthi cara nembangake pupuh Gambuh ing Serat Wulangreh.
Negesi tembung – tembung angel kang ana ing pupuh Gambuh.

Kompetensi Dasar :
3.1 Menelaah teks piwulang serat Wulangreh pupuh Gambuh.
4.2 Menanggapi teks piwulang serat Wulangreh pupuh Gambuh.

Indikator Pembelajaran :
3.2.1 Mengartikan kata-kata yg dianggap sulit dalam teks serat Wulangreh pupuh Gambuh.
4.2.1 Menuliskan pokok-pokok isi teks piwulang serat Wulangreh Pupuh Gambuh.

Serat wulangreh iku minangka karya sastra kang awujud tembang Macapat. 
Isi serat Wulangreh yaiku arupa ajaran utawa nasehat tumrape manungsa kang maneka warna antarane yaiku, babagan 
agama, keluwarga, bebrayan, kemasyarakatan, lan aturan-aturan liyane.
Serat Wulangreh iku anggitane piyayi kraton Kasunanan Surakarta yaiku Sri Susuhunan Pakubuwono IV.
Serat Wulangreh diripta wujud tembang Macapat kang cacahe sewelas yaiku Mijil, Kinanti, Sinom, 
Asmaradana,Dandanggula,Durma, Maskumambang, Gambuh, Pangkur, Megatruh lan Pocung.

Salah sijining isi serat Wulangreh pupuh Gambuh bab iki cerita babagan ajaran utawa nasehat kang lumrah tumraping uripe 
manungsa. Yaiku babagan pitutur ,solah bawa,lan sifat kang kudu ditiru utawa disingkiri.

Serat Wulangreh pupuh Gambuh iki cacahe 17/XVII pada/bait.
Tembang macapat iku duweni paugeran kang wajib dingerteni yaiku :
1. Guru Gatra : cacahing larik/gatra saben sapada/satembang.
2. Guru wilangan : cacahing wanda(suku kata) saben salarik tembang.
3. Guru lagu : tibsning suara (a,i,u,e,o) ing pungkadaning gatra/larik.

Tembung Wulangreh asale sska tembung Wulang lan Reh.
Wulang ateges pitutur, reh ateges pranatan ,laku,cara,utawa tuntunan. 
Wulangreh ateges ajaran utawa tuntunan kanggonggayuh urip kangharmoni utawa selaras.
Serat Wulangreh iki kasimpen ing musium Radya Pustaka, ing Kraton Solo utawa Surakarta.

Tembang Gambuh mono lumrahe nggunaake basa ngoko lugu,amarga dianggep wis kulina. Dene duweni paugeran kayata :
Guru gatra : 5 
Guru wilangan : 7,10,12,8,8
Guru lagu : u,u,i,u,o
Watak e tembang Gambuh : wanuh,jumbuh,rumaket,ora pekewuh,tanggap ing pangerti lan kulina.

Ing ngisir iki tuladha tembang Gambuh

Sekar gambuh ping catur
Kang cinatur polah kang kalantur
tanpa tutur katula tula katali
kadaluwarsa kapatuh
kapatuh pan dadi awon

Aja nganti kebanjur
sabarang polah kang nora jujur
yen kebanjur sayekti kojur tan becik
becik ngupayaa iku
pitutur ingkang sayektos

Tuladha tembang Gambuh ing dhuwur ana rong pada bisa diarani sapupuh. Pupuh yaiku kumpulaning pada.

Gancaran tembang yaiku negesi isi tembsng kanthi nggunaake basane dewe , bisa uga dikurangi utawa ditambahi tembung amrih 
nguripke teges mau. Lan cara nulise migunaake paragraf dudu bait.

Tuladha gancarake tembang gambuh pada I lan II ing dhuwur yaiku :
Tembang gambuh kang diomongke iki babaganomongan yen kebacut marahi nyulayani,yen nganti kebacut sabanjure dadi padatan kan ora becik.
Aja nganti kebanjur,kabeh tumindak kang ora jujur,yen nganti kebacut dadine kojur lan ora becik, becik iku kudu diupayake,golek omongan kang sabenere.

Kegiatan kanggo siswa yaiku antarane :
1. Golekana tembung-tembung kang angel banjur tulisen lan tegesana ing tembang Gambuh pada I lan pada II !
2. Golekana pesan/nilai kang ana ing jeroning tembang Gambuh ing dhuwur !
3. Cobanen nulis tembang Gambu siji wae kanthi paugeran kang ana !