Sandiwara Materi Mapel Bahasa jawa Kelas 9

A. Pengertian 

Sandiwara iku sawijining seni pagelaran utawa tontonan, yaiku tontonan ngenani sawijining crita kang diparagaake.


Sandiwara asal tembunge saka tembung sandi lan wara kang duweni teges sandi (tandha) wara (kabar). 

Dadi Sandiwara yaiku kabar kang diwaraake kanthi cara sandi/tandha/kode.

Sejarah seni pagelaran Sandiwara iku kawiwitan jaman perjuangane Pangeran Sambernyawa nalika nglawan penjajahan Walanda (Belanda)

Nalika semono  tujuane kanggi menehi kabar marang masyarakat supaya nglawan penjajah Walanda kanthi cara disandiwarake.

Pangeran Sambernyawa karo prndhereke sarta prajurite nganaake sandiwara, iku mawartake perjuangane nglawan penjajah kanthi cara sandi.

B. Identifikadi Naskah Drama

Intine naskah Drama /sandiwara iku ana 6 perangan kayata :
1. Ana ceritane
2. Ana Paragane
3. Ana latar panggonan,wektu lan kahanan
4. Ana Pacelathone
5. Ana konflik e
6. Ana pangrampunge konflik.

C. Mangsuli lan Gawe Pirakon

Mangsuli lan gawe pitakon ing Drama iku luwih angel tinimbang mangsuli lan gawe pitakon ing crita. Ing Drama/sandiwara iku anane mung pacelathon lan gambaran swasananing crita. 

Mulane yen pingin ngerteni critane kudu ngematke pacelathon para paragane.
Mula mangsuli lan gawe pacelathon utawa skenario ing Drama iku luwih ngati- ati supaya ora keliru.

D. Mbenerake Basa kang Keliru.

Iki tujuane kanggo gladhi ketrampilan basa para paragane.
Mulane kudu ngerti unggah ungguhing basa Jawa.
Supayabtrep lan pener anggone pacelathin.

E.  Nulis Isine Teks Drama

Kanggo bisa nulis teks Drama antarane :
1. Mangerteni para paragane
2. Mangerteni papan lan wektu dumadine crita
3. Mangerteni underaning crita/konflik
4. Mangerteni pangrampunge crita/ konflik.

Yen wis dingerteni banjur ditulis kanthi urut, runtut lan jangkep cocok karo critane ing teks. Iku wis padha karo nulis isine teks drama / sandiwara.

F. Nulis Teks/Naskah Drama

Nulis teks drama padha karo nulis pacelathon. Bedane ing naskah drama narasi/keterangan iku luwih cetha.

G.Maragakake Teks Dialog

Apik lan orane paragan ing sanfiwara iku mapan ing para paragane.
Dadi kunci sukses e pagelaran  sandiwara iku gimantung banget marang ketrampilan para paragane kang mragaake.

Kegiatan kanggo siswa 

Cobanen golek naskah sandiwara basa Jawa ing intetnet kanthi tema pendidikan siji wae !
Banjur golekana perangane sandiwara kang cacah 6 mau ! Jelasna nganggo basa ngoko.