Pawarta Materi Bahasa Jawa Kelas 8

A. Pawarta

Pawarta iku pekabaran ngenani sawijining bab kang diwara- waraake lumantar media Massa, media cetak/tulis,lan lesan.



Tujuan yaiku supaya sapa bae dadi ngerti marang bab kang diwartake.
Pawarta bisa asifat lokal daerah, nasional uga internasional.
Sarana kanggo pawarta yaiku antarane : ariwarti (pawarta harian ) kayata : Solopos, Suara Merdeka, Kompas. Uga ana Kalawarti (pawarta mirunggan / mingguan). Tuladha : Majalah Panyebar Semangat, Jayabaya, Joko Lodhang., Radio, TV, internet lsp.

Nulis Isine Teks Pawarta
Nulis pawarta iku sejatine padhs karo nulis sari pathine pawarta kanthi jangkep. Tegese sensjan wujud sari pathi, nanging kudu lengkao lan anggone nulis kanthi urut lan runtut.

Teks pawarta iku saora-orane ngemot 5 Bab yaiku :
1. Sapa/apa : underaning pawarta/topik crita.
2. Ngapa : Isine ngenani paraga sapa utawa ana apa.
3. Kapan : kapan wektu dumadine ptekara kang diwartake.
4. Ana ngendi : nuduhake papan dumadine prekara sing diwartake.
5. Kepriye : nuduhake kahanan prekara kang diwartake.

Nyritakake Isine Wacan
Nyritakake isine pawarta iku padha karo crita Ngenani isine sawijining pawarta kang dirungu utawa diwaca.

Nulis Teks Pawarta
Bab apa bae kang sekirane perlu dimangwrteni dening wong liya iku bisa dadi bahaning pawarta.

Kegiatan siswa
Goleka pawsrta/berita ing koran,TV, utawa liyane siji bae, yen wis nemu banjur pawsrta mau identifikasi nen teks pawsrta mau !
Identifikasi iku goleki 5 perkara ya nak.
Sugeng nindakake jejibahan,muga pinaringan gampang lan lancar