Menelaah Serat Wulangreh Durma Materi Bahasa Jawa Kelas 9 Bab VI Kabudayan Jawi

 SERAT WULANGREH PUPUH DURMA

KD

3 1.Menelaah Teks Serat Wulangreh Pupuh Durma



Tujuan belajar

Negesi tembung tembung kang durung dimangerteni

Nemtokake isi piwulang tembang Durma.

Nemtokake unsur intrinsik ing tembang Durma

Tuladha tembang Durma

1.  Dipun sami ambanting sariranira,
     cegah dhahar lawan guling,
     darapon sudua,
     nepsu kang ngambra ambra,
     rerema ing tyasireki,
     dadi sabarang,
     karsanira lestari

2. Ing pangewuh lahir batin aja mamang,
    yen sira wis udani,
    ing saliranira,
    yen ana kang amurba,
    misesa ing alam kabir,
    dadi sabarang,
    pakaryanira ugi.

3. Bener luput ala becik lawan begja,
    cilaka mapan saking,
    Ing badan priyangga,
    dudu saking wong liya,
    Pramila drn ngati ati,
    sakeh drigama,
    singgahana den eling.

TEMBANG MACAPAT DURMA

Tembang macapat Durma iku klebu salah siji tembang Macapat kang 
Cacah sewelas. Tembang Durma duweni watak sereng utawa galak.

Dene tembang Durma duweni paugeran kayata :
- Guru gatra kang cacahing 7
- Gurubwilangan : 12, 7, 6, 7, 8, 5,7
- Guru lagu/dhongdhing : a,i,a,a,i,a,i
Supaya mangerteni karepe utawa isining tembang kudu ngerti tegese tembung tembung dhisik.

Serat wulangreh pupuh Gambuh punika dipun ripta dening Sri Susuhunan Paku Buwana IV. Dening isi nipun antawasipun ngenani
Babagan nasehat, piweling daha ajaran kangge tiyang gesang.
Tembang Durma uga duweni paugeran kadosto :
Guru gatra : 7
Gurun wilangan : 12, 7, 6, 7, 8, 5, 7
Guru lagu/ dhong dhing : a, i, a, a, i, a, i
Tembang Durma uga duwrni watak sereng, nesu.

Negesi tembung tembung angel ing sajroning tembang
Yaiku tembung ing tembang biasane nggunaake tembung kang luwes,
Tembung kawi, tembung garba, nah kanggi ngaerkani ngudhari tembung kudu digoleki tegesi dhisik.
Kayata tembung kawi digoleki ing kamus b jawi.
Tembung garba : diudhari dhisik
Tuladha : tyasireki :  tyas + sira + iki : ing ati mu
Banjur menawa arep ngruntutke tegese bisa uga ditambah i tembung
Penggandheng/ pangiket lan bisa uga diwalik saka susunane. Supaya
Laras karo kekarepane.

Kegiatan siswa
Tegesana tembang Durma ing dhuwur nganggo basamu dhewe supaya laras karo karepe tembang..kanthi nggunaake bentuk paragraf
Utawa gancaran.
Saben siswa sa tembang wae urut absen
Misal e absen no 
1. Tegese tembang Durma pada/bait        1
2                                                                2
3.                                                               3
Absen 4 balik ke bait 1..absen 5 bait 2 dst...