Menelaah Teks Piwulang Serat Wulangreh pupuh Kinanti Materi Bahaasa Jawa Kelas 8 Bab VII Kesenian

 SERAT WULANGREH PUPUH KINANTI


KD

3.1 Menelaah Teks Piwulang Serat Wulangreh Pupuh Kinanti



Tujuan belajar

Nulisake aturan kang gegayutan karo tembang Kinanti

Negesi tembung-tembung angel ing yembang Kinanti

Nemtokake pokok- pokok isi teks embang Kinanti.

A. Tembang Kinanti

Serat Wulangreh pupuh Kinanti punika anggitanipun SINUWUN PAKUBUWANA ksping IV.
Pupuh kinanti iki isine pameling,pemut utawa ajaran/nasehat.
Tembang ing sastra Jawa iku kaperang dadi 3 kayata :
1. Tembang  Gedhe
2. Tembang Tengahan
3. Tembang Alit utawa disebut Macapat
4. Tembang Dolanan
Ing pembahasan iki kita arep ngrembug bab tembang Macapat.
Tembang Macapat kabeh mono jumlah e ana sewelad ( 11).
Kayata : Mijil, Kinanti, Sinom, Asmaradana, Dandanggula, Durma, 
               Gambuh, Maskumambang, Megatruh, pocung.

B. Paugeran Tembang Kinanti

Paugeran utawa atura kang ana ing dajroning tembang macapat kaperang dadi 3. Yaiku Guru gatra, Guru Wilangan lan Huru lagu.
A. Guru gatra : cacahing larik saben sapada/ satembang.
B. Guru wilangan : cacahing wanda saben sagatra/ salarik.
C. Guru lagu : tibaning swara ing pungkasaning gatra.

Dening paugeran tembang macapat Kinanti yaiku :
Guru gatra : 6
Guru wilangan : 8,8,8,8,8,8
Guru lagu : u,i,a,i,a,i

Tuladha tembang Kinanthi
.1. Padha gulangen ing kalbu,
.    Ing sasmita amrih lantip,
      Aja pijer mangan nendra,
      Kaprawirannden kaesti,
      Pesunenbsariranira,
      Sudanen dhahar lan guling.
 2. Dadiya lakunireku,
      Cegah dhahar lawan guling,
      Lawan aja asukan sukan
      Anganggoa sawatawis,
      Ala watake wong suka,
      Suda prayitaning batin
3. Yen wis tinitah wong agung,
     Aja sira gumunggung dhiri,
     Aja raket lan wong ala,
     Kang ala lakunireku,
     Nora wurung ngajak ajak,
.       Satemah anenulari.

C. Carane Gancarake Tembang

Gancaran iku tegese ngowahi tembang kanthi cara wujud pada diganti wujud  gancaran utawa paragraf. Menawa nggancarke tembang, tembung tembunge bisa ditegesi disik nganggo basa lumrahe, menawa ana tembung garba diudari dhisik. Lagi digawe ukara kang trep karo kekarepane.

Gancaran tbang Kinanti ing dhuwur
  1. Manungsa padha ngadaha ati, mamgerteni tandha tandhane jaman ben pinter lan lantip. Aja tansah mangan lan turu,kudu tansah ngutamaake sikap pahlawan/ jujur. Kulinakna /latihen urip prihatin.
  2. Ngurangi mangan lan turu iku dafia pakulinanmu. Aja seneng pista pista, gunakna bandamu sacukupe. Wong kang seneng pista iku ala, suda pangati atine batin.
  3. Menawa wus ditakdirke dadi piyayi agung, kowe aja ngendel endelake. Aja srawung karo wong ala. Wong kang kelakuane ala iku ora wurung ajak ajak tumindak ala.

Kegiatan kanggo siswa

Wangsulana nganggo basa ngoko lan krama pitakonan ngisor iki !
1. Ingkang Sinuwun Pakubuwono IV ngelingake manungsa supaya apa?
Ngoko : ..........
Krama : ..........
2. Mangerteni tanda tanda jaman iku karepe ben ngapa ?
3. Manungda dielingske kudu ngudi, ngutamaske apa ?
4. Uwong kang seneng pista iku kepiye ?
5. Aja seneng srawung karo wong ala mundhak apa ?

Tugas digarap ing buku tugas lan dikumpulake nalika tatap muka !