Prastawa Budaya Materi Pelajaran Bahasa Jawa Kelas 7 Semester Genap

PRASTAWA BUDAYA

Kompetensi Dasar

  1. Memahami isi teks diskripsi tentang peristiwa budaya
  2. Menanggapi isi teks deskripsi peristiwa budaya


Tujuan Pembelajaran

  1. Nyemak lan maca isine wacan deskripsi lan mahami apa karepe isine  ndhudah piwulang sekaten
  2. Negesi tembung angel kang ana ing wacan deskripsi sekaten
  3. Nulis isine piwulang wacan ndhudah piwulang sekaten
  4. Nyritakake maneh wacan deskripsi piwulang sekaten

Prastawa  (Peristiwa) Budaya

Prastawa Budaya Iku Wernane Akeh Banget, kayata;

- sekaten - ruwatan

- ruwahan - cembengan

- grebeg apem( yaqowiyu) - dukutan

- mitoni - grebeg sura

- tedhak siten - larungan

- rasulan - nyadran

- mantu - lan liya-liyane

 Ringkesan Ritual Sekaten

Sekaten diadani wiwit kraton Demak, dene acara sekaten diwiwiti kanthi nabuh gangsa (gamelan) kang aran Kyai Sekati lan Nyi Sekati. Tumeka saiki ing kraton Surakarta uga isih diadani acara ritual sekaten, diwiwiti kanthi  nabuh gamelan Kyai Guntur Madu lai Nyai Guntur Sari. 

Asal usul dijenengake ritual sekaten. 

  • Sekaten saka tembung sekati tegese setimbang, kang duweni teges manungsa kudu ngati-ati lan nimbang perkara sing apik lan ala.
  • Sekaten sangka tembung sekat tegese wates, tegese wong urip kudu bisa ngendaleni diri supaya tansah tumindak becik

Sekaten sangka basa Arab

  • sakatain tegese ngedohi tumindakmelek
  • sakhatain tegese ngilangi watak kaya kewan
  • sakhotain tegese nindakake amalan kang becik
  • syahadatain tegese percaya marang bener sejati yaiku marang
  • Gusti Allah SWT lan kanjeng Rosul
Lambang gamelan Guntur Madu lan Guntur Sari iku mung taukhid marang Gusti Allah SWT lan Rosul Muhammad SAW
Ritual sekaten diwiwiti tabuhan Kyai Guntur Madu kanthi gendhing Rambu. Rambu sangka basa Arab robbuna tegese Allah Pangeranku. Sawise iku tabuhan gamelan Nyai Guntur Sari kanti gendhing ‘ Rangkung’ asale sangka basa arab roukhun tegese jiwa sing agung.

Upacara ritual sekaten iku sayektine kanggo srana ngumpule para wali sanga ing mesjid Demak, saperlu mengeti Maulid Nabi kang diadani setaun pisan, pirembugan bab jejibahane para wali anggone syiar agama, lan srana nyiarake agama Islam sarta kanggo ngurmati wiyosanipun Nabi Muhammad SAW.

Ritual sekaten tumeka saiki ing kraton yogja lan sala diadani kanthi gedhen, ora kari maneka warna jenise panganan lan dolanan. Dene ana barang kang didol ngemu pralambang kanggo wong urip , kayata;
  • Suruh/ sirih = tegese wong urip kudu sregep sesirih, kanthi nyuda dhahar lan guling
  • Kinang sangka wujud enjet, gambir, suruh, mbako lan jambe ngemu teges = tiyang islam kedah nindakaken rukun islam
  • Endog kamal = tegese wong urip kudu sregep ngamal
  • Cemeti( pecut) = ngemu teges pranatan/ ukum 
  • Gangsingan = wong urip kudu siap ngadepi pacoban
TUGAS MANDIRI
Wangsulana Pitakon Ngisor Iki Ing buku Tugas/ Kertas Folio, dikumpulake !
  1. Kapan ritual grebeg sekaten diadani ?
  2. Ing ngendi ritualm grebeg sekaten sepisanan diadani ?
  3. Apa karepe diadani grebeg sekaten kang sepisanan?
  4. Apa tandane yen grebeg sekaten wis diwiwiti ?
  5. Apa jenenge gangsa grebeg sekaten ing kraton Demak ? 
  6. Apa jenenge gangsa grebeg sekaten ing kraton Sala ?
  7. Apa tegese tembung ;
A. Sekati ........ C, sakhotain.... E. Syahadatain....
B. Sakhatain...... D. Sakatain..... F. Sekat....

8. Ing ngisor iki barang kang nglambangake uripe manungsa, nglambangake apa ?
A. Suruh, tegese nglambangake.....
B. Kinang, tegese nglambangake....
9. Apa sejatine grebeg sakaten diadani ing wektu saiki ?
10. Kepriye sejarahe gangsa guntur madu lan nyai guntur sari ditabuh ing acara sekaten ing kraton sala?
11. Apa piwulang luhur sing isa dijupuk sangka acara grebeg sekaten?