Serat Wulangreh Pupuh Kinanti Bahasa Jawa Kelas 8 Semster Genap

KD

3.2. Menulis Tembang Kinanti

INDIKATOR

  • 3.2.1 Mengidentifikasikan syair teks piwulang serat Wulangrehreh pupuh Kinanti
  • 3.2.2  Menulis  Tembang Kinanti



1. Jenis tembang Jawa

Tembang jawa miturut jinising kaperang dadi 5 yaiku :

  1. Tembang Gedhe
  2. Tembang Tengahan
  3. Tembang cilik/ tembang Macapat
  4. Tembang dolanan
  5. Tembang Jawa gagrak anyar

Keterangan ing dhuwur

a. Tembang Gedhe : 

Tembang  gedhe iki nggunaake  basa jawa kawi duweni paugeran kayata cacahing larik/ pada kang disebut sapala.

Isine tembang awujud  nadehat utaws ajaran babagan wong ngaurip , budaya, alam KeTuhanan lsp. Nanging  tembang gedhe saiki tuladha wis ora dimangerteni  

b. Tembang Tengahan :

    Tembang tengahan duweni ciri-ciri kayata :  
    1.Nggunaake basa jawa tengahan.
.   2.Nggunaake pada, guru gatra,guru wilangan lan guru lagu, nanging ora gumathok/ ora ditemtoake kaya macapat.
.   3.Isine tembang awujud nasehat,ajaran babagan wong urip, ilmu pengetahuan, budaya lsp.
    Tuladha tembang tengahan :
    Wirangrong, citraresmi, balabak lsp.
.   Tembang tengahan ing jaman saiki wis arang  digunaake.


c. Tembang Macapat

    Tembang Macapat uga duweni ciri ciri: 
  1. Katulis kanthi nggunaake pada
  2. Guru gatra : cacahing larik  satembang
  3. Guru Wilangan : cacahing wanda saben salarik tembang
  4. Guru lagu : tibaning suara a,i,u,e ,o ing pungkasaning larik.
  5. Nggunaake basa jawa gagrak anyar.
  6. Isine tembang awujud ajaran, nasehat lsp.
  7. Jumlah e tembang cacah sewelas yoiku : Mijil, kinanthi, sinom, asmaradana,Dandanggula,. Durma, Gambuh, Maskumambang, Pangkur, Megatruh , pocung.
  8. Guru gatra ing tembang Macapat udakara 4 - 12 wanda
  9. Tembang Macapat nganti tekan saiki isih digunaake ing  kabudayan Jawa mligine. 
  10. Bisa kanggo ngiringi pagelaran cerita wayang, dinggo ing ular ular  ing sajroning resepsi temanten, uga diajarake  ing pawiyatan SD NGANTI SMK/SMA.

d. Tembang Dolanan

Tembang dolanan mono klebu tembang jawa gagrak anyar, tujuane kanggo panglipur uga kanggo sesenangan .
Tuladha tembang  dolanan :
- Jamuran, cublak suweng, lir ilir, buta buta galak, prau layar  lsp 
- Tembang dolanan mono sing nulis ora dimangerteni merga turun temutrun.

e. Tembang jawa gagrak anyar

Tembang jawa gagrak anyar iki kayata tembang tembang kang nggunaake basa jawa gagrak anyar uga.
Tuladha : tembang kroncong,. Tembang campursari
Tembang tembang iki ngikuti perkembangan jaman.
Tuladha tembang kroncong : Bengawan Solo,Jembatan Merah,  Bandung Selatan lsp
Tuladha tembang campursari : stasiun balapan, ambyar, suket teki lsp

Tugas kanggo siswa

Nulisa salah siji tembang bisa tembang macapat kinanti, tembang campur sari utawa tembang bebad miturut pangertenmu dewe dewe !!
Tugas dikumpulake nalika pertemuan ing kelas
Iki tugas ke 4