Legenda Dora Sembada Materi Bahasa Jawa Kelas 8 SMPN 3 Mojogedang

Legenda Dora Sembada Materi Bahasa Jawa Kelas 8 SMPN 3 Mojogedang

Dora Sembada iku mujudake salah sawijine cerita legenda. Cerita legenda yaiku cerita asal usul utawa kedadean wilayah, manungsa utawa opo wae kang awujud barang.

Legenda Dora Sembada Materi Bahasa Jawa Kelas 8 SMPN 3 Mojogedang


Dene Legenda Dora Sembada kui dongeng kang nyrita ake asal usule utawa kedadeyane Aksara Jawa kang di ripta dening Prabu Aji Saka.

Ayo podo di waca bareng - bareng.

Kacarita Ajisaka duwe abdi cacah loro jenenge Dora lan Sembada. Abdi liro mau duweni watak kang bekti lan hormat banget marang bendarane. Ajisaka duwe pepinginan arep ngumboro menyang P.Jawa. Abdi loro mau diajak kabeh. 
Tekan Pulau Majethi. Ajisaka prentah marang abdine kang jeneng Sembada supaya jaga pusakane kang wujud keris, supaya dijaga, aja nganti dilepas yen dudu awake dewe sing njupuk. 

Sembada sendika dhawuh dhateng prentahe bendarane. Ajisaka nglanjutake ngumbara karo diampingi Dora. Tekan tanah Jawa Ajisaka dumunung ing wewengkon  Medhangkamulan. 

Ing kono ana ratu kang jejuluk Prabu Dewata Cengkar. Ratu iku duweni watak angkara murka, seneng mangan daging manungsa. Saben-saben njaluk mangsa. 

Ajisaka krungu pawarta kaya ngono trenyuh atine,mesakke rakyate kang saben dina tansah kawatir mikir nasib e. Rakyat iku pada angen-angen muga ana piyayi kang bisa ngalahke Dewata Cengkar. 

Ajisaka sowan marang Dewatacengkar kanthi tujuan  : Gelem dimangsa kanthi syarat njaluk  lemah saiket jembare.
   
Prabu Dewataxengkar nyanggupi panjaluke Ajisaka. 
Nalika panjalukke dituruti, ana kedadeyan aneh kang dumadi... yaiku iket kang diselehke ing lemah mau melar amba banget nganti tumekaning laut segara kidul. Prabu Dewatacengkar nganti kecempulng ing segara.

Ajisaka kaangkat dadi Ratu ing Medhangkamulan. Satengahing mangku dadi ratu Ajisaka kelingan marang abdine Sembada. Ajisaja utusan marang Dora supaya Nyusul Sembada.

Dora didhawuhi supaya ngajak Paman Sembada karo nggawa pusaka sing dititipke biyen. Dora tekan Pulau Majethi nemoni Sembada, Dora matur marang Sembada supaya sowan Ajisaka ing Medhangkamulan karo ngasta pusakane. Nanging Sembada ngugemi dhawuhi Ajisaka, menawa njupuk pusakane kudu Ajisaka dewe. Dora lan Sembada pada udreg...congkrah..padudon lan nganti tekane pati loro lorone.

Abdi loro mau mati sampyuh,kekarone setyatuhu marang bendarane yaiku Ajisaka.

Ajisaka nyusul Dora menyang P.Majethi, Ajisaka kaget lan getun weruh kedafeyan para abdine loro kang mati sampyuh. Kangho mengeti abdi loro kang setya tuhu mau Ajisaka ngripta Aksara Jawa,, kang aran DENTAWYANJANA. 


Dene aksara jawa kasebut kaya mengkene

Ha...na...ca..ra..ka   ana utusan. 
Da...ta...sa...wa..la.  Pada regejegan
Pa...dha...ja..ya...nya. Pada digdayane
Ma...ga..ba..tha..nga. Pada dafi bathang/mati.
Dene tegese :  Abdi kang cacahe loro pada gerejegan,pafa digdayabe lan wusanane adu kasekten nganti mati sampyuh/ bareng.


Wangsulana pitakonan ngisor iki kanthi pener !
  1. Sebutna paraga ing legendha Dora Sembada !
  2. Sebutna latar panggonan crita legenda DorabSembada !
  3. Kepriye watak e para paraga ing dhuwur !
  4. Jelasna  Nilai kebaikan lan kekurangan ing crita kasebut !
  5. Jelasna apa tegese aksara Jawa Dentawyanjana kang diripta dening Ajisaka !

Dene video iso kok tonton ono channel youtube resmi SMPN 3 Mojogedang koyo ing ngisor iki :