Tembang Macapat Materi Pelajaran Bahasa Jawa Kelas 7 SMPN 3 Mojogedang
Dene video pembelajaran ugo wis ono ing Channel Youtube ing ngisor iki.
Tujuan Pembelajaran
Kompetensi Dasar
1. Menelaah teks piwulang serat wulangreh pupuh pangkur
2. Menanggapi isi teks serat wulangreh pupuh pangkur
Indikator Pembelajaran
1. Membaca/menembangkan teks piwulang tembang pangkur 2. Mengartikan kata-kata sukar dalam teks tembang pangkur 3. Mengajukan dan menjawab pertanyaan dari isi tembang pangkur4. Menulis isi pokok-pokok teks tembang pangkur
5. Menyampaikan pokok – pokok teks tembang pangkur
6. Menanggapi isi teks piwulang pupuh tembang pangkur
Pengertian Tembang Macapat
Tembang macapat mujudaken salah satunggaling karya sastra ingkang mawi paugeran, kanthi kaiket guru lagu, wilangan saha gatra. Tembang macapat mboten sami paugeranipun.Jenis Tembang Macapat
1. Maskumambang 2. Mijil 3. Kinanti 4. Sinom 5. Asmaradana6. Gambuh
7. Dandanggula
8. Durma
9. Pangkur
10. Megatruh
11. Pocung
Teks Tembang Pangkur laras pelog
3       5      5       5      5        5     3      3
Kang se  kar  pang kur    wi    nar    na
3      5       6       5      3       2         1        1       2       3   3
Le   la       bu   han kang  kang    go    ing  wong   u  rip
5      6       1’      1’      1’      2’       3’       2’
A     la       lan   be     cik     pu     ni       ku
6      5        5       5     5         5        5        
Pra  yo      ga     ka  wruh   a        na 
5      5        5        6      3        2       1        1        1       2        3        3
A     dat    wa    ton   pu     ni      ku      di       pun   ka      du      lu
6       1        1        1      1        1       1        1       
Mi  wah  ing     kang  ta       ta     kra     ma
1       2        3        1       2       3       3  2     1
Den ka   es     thi   si    yang   ra   tri
Tuladha Sanes Teks Tembang Pangkur Ing Serat Wulangreh
Iku wong durbala murka
Noranana mareme jroning ati
Sabarang karepipun
Sanadyan wus katekan
Arep maneh nora marem saya mbanjur
Lumawah lawan amarah
iku kang den tut wuri
Ing sabarang solah tingkah
Ing pangucap tanapi nyang  alinggih
Tan suka sor ambekipun
Pan lumuh kaungkulan
Ing sujalma pangrasane dhewekipun
Tan ana kang madhanana
Angrasa luhur pribadi
Wimbuh Kawruh
Serat Wulangreh Karipta Dening Sinuwun Pakubuwana IV. Kaserat ing aksara jawi wujudipun tembang macapat lan tembang tengahan. Dene serat wulangreh iku karipta kanggo piwulang para putra sinuwun Pakubuwana IV lan para abdi dalem kraton. Sinuwun Pakubuwana IV mujudaken Raja Kraton Surakarta ke IVGladhen Siswa
Wangsulana Pitakon Ngisor Iki  !
1 . Apa kang dadi paugeran, wewaton tembang ,macapat iku ?
2 . Apa bae paugeran tembang macapat tembang pangkur !
3 . Tegesana tembung angel iki !
      - Winarna	- Kawruhana	- Miwah
      - Lelabuhan	- adat waton	- Kaesthi
      - Prayoga	- kadulu		- Ratri
4 . Apa tegese Wong durbala murka ?
5 . Apa sing dikarepake dening wong durbala murka iku ?
6 . Apa sing disingkiri wong durbala murka iku ?
7 . Apa karepe tan ana sing madhani angrasa unggul pribadi ?
8 . Pilahna, Apa isi piwulang tembang pangkur pada 1- 3 ?
9 . Kepriye panemumu bab piwulang serat wulangreh ?
     apa alesanmu ?
10.Gawea tembang pangkur  sapada manut paugeran tembang pangkur, nganggo basa kang kobisani !
