Geguritan Materi Pelajaran Bahasa Jawa Kelas 9 Semester Genap

KD

3.1 Memahami isi teks geguritan

Tujuan Pembelajaran

  1. Nemtokake isi utawa amanat geguritan ‘Ki Hajar Dewantara’
  2. Nulis geguritan kanthi tems ‘Pendidikan ‘



GEGURITAN

Geguritan asal tembunge saka Gurit kang tegese nulis, ngarang, nggawe. Geguritan yaiku puisi jawa gagrak anyar. Tegese puisi basa Jawa kang nggunaake basa jawa gagrak anyar.

Dadi geguritan iku klebu jinising susastra kang dirakit kanthi cekak aos lan tetembungan  utawa basa endah. Umpamane tembung archais utawa tembung kuna. Pramila nalika nulis geguritan kudu mangerteni karepe lan nyambunge tembung tembung dadi ukara kang endah lan trep karo kekarepanne sing nulis.

CIRI CIRI GEGURITAN

Bleger/wujud : doperang nganggo pada utawa bait.
Teknik : anggone nulis kudu nggateake paugeran tata tulis..
Tetembungan : migunaake tetembungan komunikatif, archais utawa
Tembung- tembung sandi,simbolik lsp.
Geguritan iku bebas tembung tembunge miturut panggurit utawa sing nulis.
Kanggo pemirsa utawa sing arep maca kudu mangerteni dhisik karep e utawa maksud e isi geguriran, supaya tembe mburine gampang oleh meng ekspresikan geguriran mau nalika diwaca.
Nulis geguritan mono kudu dilatih terus supaya mangerteni tembung
Tembung kang ganep ukarane lan maksude.
Pramila supaya gancar nulis geguritan kudu akeh latihan nulis.

Trampil Maca Geguritan

Syarat maca geguritan yaiku :
  1. Wirama : yaiku intonadi utawa lagu/iramane.kedale lesan ucapan kudu cetha/ jelas.
  2. Wirasa : penghayatan jiwa lan swasanane kudu pas.
  3. Wiraga : solah bawa/ tindak tanduk, obahing awak.kudu selaras karo isi ne geguritan.

Tuladha geguritan kanthi tema pendidikan

JAMAN  PALSU

Marang sapa maneh aku kudu ngudarasa
Nyuntak ngesok panggresah
Ngertiku saka koran bekas
Njenggeng saka pekabaran tipi
Dhek wingi ana atusanbewu... Palsu
Eketan ewu....palsu
Puluhan ewu.....palsu
Oli palsu, solar palsu bensin yo palsu
Apa pabrike yo palsu

Untu palsu
Sikil palsu
Tangan palsu
Mata jantung yo palsu
Iki ora ategesbora nrima ing panduming Gusti
Manungss diwajib setiyat mbudidaya

O alaaah kaningayabtemen
Sarjana Magister doktor..doktor palsu
Dadi lurah ketua rt DPR bupayi walikota
Pengacara nganti tekan dosen ijazahe ya palsu
Esem guyu tangis sragam jubah lan
Gumonthonge palu hakim jeksa
Jebul yo mung ulas lambe
Aja..aja negara mentro DPR bupati walikota pulisi
Camat lurah nganti tekan rakyate
Yo palsu
Apa aku yo kudu kenthir ing jaman kang sarwa palsu
Utawa
Kudu nyirami pengangen lan pengarep arepku
Ngangho getihe dhewe
Aja aja getihku yo palsu
Ah palsu!!!

Tugas kangho siswa

  1. Geguritan ing dhuwur nyritaake babagan apa ? Jekasna !
  2. Merga kahaban kang sarwa palsu, keoriye putusane hakim lan jaksa?
  3. Kepriye panemumu menawa ana doktet nanging ijazahe palsu ?
Tugas dikumpulake nalika ana pertemuan tatap muka ing kelas !