Resi Jatayu Materi Bahasa Jawa Kelas 8 Semester Genap

KD

3.1 Memahami isi teks cerita Ramayana Resi Jatayu
Tujuan belajar
  1. Nemtokake pokok pokok isi cerirabResi Jatay
  2. Ngandharake isi cerira Resi Jatayu
  3. Nggunaake basa krama dadi ngoko alus.


RESI JATAYU

Resi Jatayu punika salah satunggiling abdi nipun Rama Wijaya ingkang setya tuhu marang Rama Wijaya. Kacarita nalika Rahwana memba dados pandhita ingkang kaluwen lan nyuwun sedhekah dhaten Dewi Sinta ingkang wonten salebeting garis kalangan utawi garis rajah ingkang dipun damel dening Laksmana, supados Dewi Sinta mboten uwal saking garis kalangan kalavwau. Nanging amargi trenyuh Dewi Sinta kapeksa medal saking garis rajah punika. Nah sanalika Deei Sinta medal...Rahwana enggal enggal nyandhak  lan narik Dewi Sinta dipun bekta mabur dhateng negari Alengkadiraja.

Dewi Sinta sambat nyuwun dipun uwalaken saking gendhonganipun Rahwana, nanging panggaj mboten dipun uwalaken. Tanpa sapangertosanipun Dewi Sinta lan Rahwana wonten ing pucuking uwit ingkang inggil,wonten satunggaling titah ingkang wujud peksi ageng warni pethak inggih punika Resi Jatayu. NalikavRahwana lena, Jatayu nggabrukbRahwana, Rahwana kontal, nanging tetep taksih nyepeng Dewi Sinta kanthi rosa, ndadosna peperangan antawisipun Rahwana kaliyan Jatayu ing angkasa. Ing gegelutan kala wau si Jatayu kawon...Rahwana saget ngantem swiwinipun Jatayu, Jatayu ambruk ngleyang dhawah ing bantala. Mboten antawis dangu snggenipun Jatayu dhawah, dugi Laksmana kaliyan Rama Wijaya. Kekalihipun paring tetulungan, 

Sasampunipun diupakara sawetawis,Resi Jatayu tilar donya. Ananging saderengipun tilar Jatayu kepareng matur kaliyan RamaWijaya bilih Dewi Sinta dipun rudopeksa dening Rahwana lan dibeta wonten Alengkadiraja. Jisimipun Jatayu lajeng dipunrukti kanthi sae lajeng dipun besmi. Sabibaripun RamaWijaya kaliyan Laksmana nglajengaken lampah madosi Dewi Sinta.

2. Nilai 

Crita wayang Resi Jatayu punika ngandhut piwulang babagan remen tetulung marang kabecikan lan numpes sifat dursila marang sapada pada. Ampun remen tumindak dursila kanthi ngginaaken kekuatan ssja panguasa. Amargi sedaya tumindak gecik lan ala mangke badhedipun undhuh balesanipun pitambak2. Paribasan BECIK KETITIK, ALA KETARA.

3. UNSUR  INTRINSIK 

Unsur Intrinsik ing crita :

a. Paraga/tokoh : yaiku jenenge si paraga ing sajeoning crita.

- Rahwana, Dewi Sinta, Rama Wijaya,Laksmana lan Resi Jatayu.

b. Watak/sifat: yaiku watak e para paraga

-  Rahwana :  ala, serakah, demen cidra.
-  Resi Jatayu : sae, seneng tetulung marang bebener.
-  Dewi Sinta :  sae, setya marang garwa
-  Rama Wijaya : wicakdana, tanggungjawab.
-  Laksmana :  tanggungjawab, setya marang bendara.

c. Latar  ing crita wonten tiga, 

  • Latar  panggonan : yaiku panggonan/ papan ingkang dipun ginaaken wonten salebeting crita. - angkasa, alas/wana, negara Alengkadiraja.
  • Latar Wektu :  yaiku wektu kang dipun ginaakenn  wonten ing salebeting crita. - siang
  • Latar  Kahanan : yaiku kahanan kang ketinhal ing crita, tuladhanipun - Sepen, rame, tintrim, susah, horeg lsp. - sepen saha horeg

d. Alur : yaiku dalaning crita

👉 Alur maju, alur campuran, alur mundur

Alur maju yaiku critane runtut saka wiwitan nganti pungkasan.

Alur campuran yaiku crita bisa saka wiwitan..pungkasan banjur kasambung tengah.

Alur Mundur yaiku critane diwiwiti saka mburi banjur dicritaake awalane.

- alur Resi Jatayu ngginaaken alur maju.

e. Amanat/Pesan yaiku pesen utawa pi

Weling kang kaandhut ing sajroning crita.
-  Tetulung dhateng sinten kemawon ingkang mbetahaken punika kewajiban, meskipun kedah kecalan nyawa, niku sedaya amargi nggadhahi sifat satriya.

TUGAS KANGGE LARE/SISWA :

Owahana basa krama ing crita Resi Jatayu ing dhuwur nganggo basa ngoko lugu saparagraf wae kanthi urut absene dhewe2 !!