Upacara Tradisi Ya Qowiyu Materi Pelajaran Bahasa Jawa Kelas 7 Semester Genap

Tujuan Pembelajaran

Memahami Isi Teks Deskripsi Peristiwa Budaya

Menanggapi Isi Teks Deskripsi Peristiwa Budaya

Indikator

Mengemukakan Pendapat Secara Lisan Isi Teks  Yaqowiyu

Menyampaikan Nilai Luhur Dari Teks Deskripsi Yaqowiyu



Tradisi Yaqowiyu Diadani Ing Dina Jumat Wulan Sapar

Tradisi Yaqowiyu Uga Dikenal Tradisi Sebar Apem

Tradisi Yaqowiyu Diadani Ing Tlatah Jatinom Klaten

Tokoh Kang Ngadani Tradisi Yaqowiyu Yaiku Ki Ageng Gribig

Leluhur Cikal Bakal Warga Jatinom Klaten

Wujud Upacara Tradisi Yaqowiyu Yaiku Nyebar Apem

Tumeka Saiki Ing Wulan Sapar Ing Dina Jumat Tradisi Yaqowiyu Isih Ditindakake Dening Warga Jatinom Klaten, Kanggo Mengeti Haul Ki Ageng Gribig


Silsilah Yaqowiyu

Nalika Ki Ageng Gribig Munggah Haji Karo Karo Sultan Agung, Kundur Sangka Munggah Haji Ngasta Oleh2 Apem Lan Roti Gimbal Telu, Mireng Ki Ageng Gribig Wis Kundur Munggah Haji, Para Warga Mlumpuk Saperlu Padha Sarasehan Silaturahmi Ing Daleme Ki Ageng Gribig. Amarga Oleh2 Apem Lan Roti Gimbal Rinasa Ora Cukup Yen Didumake Marang Warga, Ki Ageng Gribig Dhawuh Nyi Ageng Supaya Gawe Adonan Apem, Sabanjure Apem Lan Roti Gimbal Sing Di Asta Sangka Kundur Haji Dicampur Ing Adonan Apem. Sawise Apem Dadi , Sadurunge Diparingne Para Warga Didongani Luwih Dhisik, Ing Donga Kasebut Asring Keprungu Tembung Yaqowiyu. Banjur Dening Warga Anggone Antuk Oleh2 Apem Kasebut Dijenengake

 Yaqowiyu Kang Tegese Allah Maha Kuat. Tumeka Dina Iki Parea Warga Isih Ngadani Upacara Tradisi Yaqowiyu Kanggo Mengeti Lelabuhan Lan Haul Ki Ageng Gibig. Tokoh Syiar Agama Islam Ing Tlatah Jatinom Klaten.


Tradisi Yaqowiyu Dening Warga Isih Pinarcaya Nuwuhake Berkah, Umpamane Para Kadang Tani Percaya Yen Sawah Di Pasangi Apem Bisa Nulak Ama Lan Panene Isa Becik. 

Tradisi Yaqowiyu Isine Satemene Kanggo Ngaturake Rasa Syukur Marang Gusti Allah Swt Awit Wis Diparingi Berkah Kang Sarwa Cukup

Tujuan Diadani Upacara Yaqowiyu Yaiku Kanggo Nguri2 Adat Kang Wis Turun Temurun Lan Kanggo Mengeti Haul Ki Ageng Gribig

Wangsulana pitakon ngisor iki kanthi patitis!
  1. Sapa kang dadi cikal bakal warga jatinom klaten ?
  2. Saben wulan apa tradisi yaqowiyu diadani ?
  3. keneng apa tradisi yaqowiyu tumeka dina ikin isih diadani ?
  4. Kepriye cara kang di enggo ki ageng gribig supaya kabeh warga entuk oleh-oleh anggone munggah haji ?
  5. Kepriye mula bukane tadisi sebar apem uga diarani yaqowiyu ?
  6. Apa isi piwulang sing isa dijupuk sangka tradisi yaqowiyu ?
  7. Apa bahan kang digawe kanggo ritual tradisi yaqowiyu ?
  8. Sapa paraga kang munggah hajin bareng karo ki ageng gribig ?
  9. Ing ngendi papan acara sebar apem / yaqowiyu dening warga saiki diadani ?
  10. Sapa sejatine ki ageng gribig iku, lan apa sing ditindakake ing jatinom kalten ?

Catetan : Anak2 saged mbikak buku paket baud basa kangge referensi