Dumadine Panggonan Pelajaran Bahasa Jawa Kelas 8 Semester Genap

Dumadine Panggonan

Dongeng basa jawa kaperang dadi 4

1. Legenda/Dumadine Panggonan

Tuladha : Kutha Salatiga, Rawa Pening, Telaga Sarangan lsp

2. Fabel : cerita kang paragane kewan

Tuladha : Kancil karo Baya, Kancil karo Merak, Baya Putih lsp

3. Mithe : cerita mistik/misteri

Tuladha : wewe gombel, mak lampir, nyi roro kidul, nyo blorong lsp

4. Sage : cerita babagan kepahlawanan.

Tuladha : Pangeran Diponegara, Jendral Sudirman, Cut nya dien lsp



Dongeng miturut asal e tembung keraya basa ditegesi digugu keneng.

Dene miturut lumrahe dongeng ditegesi crita turun tumurun bisa  dipercaya utawa ora, sasenenge sing maca.

Dongeng jaman mbiyen dening piyayi sepuh / wong tuwo bisa kanggo :

  1. Nuturi / nasehat, bisa kanggo tuladha sifat becik lan ala.
  2. Dongeng uga bisa kanggo pengantar nurukake bocah.
  3. Mulane jaman dhisik iku akeh wobgbtuwo kang pafha seneng dongengake anake nalika arep turu. Kanthi dongeng iku bocah uga bisa mbedaake tumindak becik opo ala kanthi nulafhani paraga ing isine crita dongeng.

Ing bab iki kita mbahas bab dongeng Legenda utawa bisa uga diarani Dumadine Panggonan, utawa dongeng asul usule panggonan.

Tuladha :. DAMADINE RAWA PENING

Ringkesaning crita.

Sawijining diba ing lereng gunung Merbabu, ana pertapa kang aran Ki Ajar Salokantoro. Ki Ajar Dalokantoro mono kondang sektine. Nalika dheweke mertapa nitip pusaka kang wujudve keris marang abdine kang aran Ni Mad Prawan. Welinge aja nganti keris mau dipangku. Nanging Nimas Prawan kelena kena sumilire angin dheweke keturon lan tanpa sengaja keris mau dipangku. Keris mau banjur ilang.

Nimad Prawan pasrah kena bilahi, banjur dheweke nemu ula gedhe kang dijenengke Baru Klinthing banjur diopeni kaya anakke dhewe, ula mau dadi gedhe banjur takon marang Nimas Prawan sapa bapake. Nimas kandha menawa bapake iku wiku sekti kang aran Ki Ajar Salokantara. Kang lagi mertapa ing erenging Gunung Merbabu.

Tekan Gunung Merbabu Baru Klinting ketemu Ki Ajar Salokantara, nanging durung diakoni minangka anakke kejobo bisa mbuktekke kanthi cara nglekeri Gunung Merbabu. 

Nanging nalika Baru Klinthing mododke awake ora tekan nglekeri Gunung Merbabu, Baru Klinthing banjur melet ke ilate supaya gathuk. Ki Ajar Salokantara pirsa tumindake Baru Klinthing, banjur ngethok ilate lan akon mertapa ing Gunung Merbabu.

Nganti puluhan tahun Baru Klinting anggone tapa, awake nganti lumuten ora katon kaya ula meneh, mempere kaya oyot kang gedhe banget. 

Sawijining dina ing desa arep nganaake upacara merti desa, para warga desa pada golek kewan ing alas pegunungan Merbabu mau. Nganti saawan durung oleh kewan, nganti padha kesel, ora sengaja ana salah siji warga kang bacok - bacok oyot wit mau, oyot mau awake Baru Klinthing, oyot mau digawa mulih para warga. Baru Klinthing pasrah awake dikethok2 , kanthi sifat pasrah mau Baru Klinthing malih dadi bocah cilik lanang kang kebak gudhig/ gudhigen.

Sawetara ing desa lagi padha pista andrawina, padha mangan daging e Baru Klinthing. Baru klinting susah atine, amarga teka ning pusta njaluk sega sapiring wae ora diwenehi. Baru klinthing banjur ngadoh saka desa mau, ketemu karo wong wadon tuwo ing gubug kang jenenge Nyi Latung. Baru Klinthing diopeni nganti mari dening Nyi Latung. Baru Klinthing seneng atine, banjur meling marang Nyi Latung.. Suk ben ten ana banjir numpaka lesung iki. Baru klinthing banjur pamit arep nonton wayang ing desa sebelah.

Baru klinthing teka ing desa kang lagi pista, dheweke nrambul ing tengahing arga kang lagi pusta, dheweke uga nantang para warga saoa sing bisa ndudut biting kang ditancepe ing lemah, sapa sing bisa ndudut biting iki, apa penjaluke dituruti. Para warha padha nyoba ndudut sada mau, nanging ora ana sing bisa. 

Baru Klinthing alon alon ndudut sada mau lan nalika sada kadudut banyune muncrat sithik baka sithik..banjur saya akeh lan ngelepi desa mau..nyi Latung kelingan welinge Baru Klinthing banjur numpak lesung e. Baru Klinthing banjur menehi jeneng tlaga mau kanti jeneng Rawa Pening. Bubar iku Baru Klinthng nyusul bapake mertapa ing erenge Gunung Merbabu.

Saka ringkesan crita mau duweni piweling marang kang maca yaiku

  1. Manungsa mono kudu tansah usaha yen kepingin uripe mulya
  2. Manungsa mono kudu tansah netepu janji mwrang aoa kang diananatke.
  3. Yen pungin pengskuan kudu bida mbukteke kanthi cara sing bener, kanthi cara iku tembe mburine bakal oleh piwales luwih becik.

UNSUR PEMBANGUN CERITA LEGENDA

  1. Tema.
  2. Paragavlan watak
  3. Latar : panggonan, wektu, sosial
  4. Alur crita : maju, mundur, campuran
  5. Amanat/ pesen


Kegiatan Siswa 

Coba golekana !

  1. Tema lwgenda Rawa Pening
  2. Jenenge tokoh/paraga
  3. Watak e para paraga
  4. Latar panggonan, latarbwektu, latar sosial
  5. Amanat kang ana ing jerone crita

Slamat belajar dan berlatih