Sesorah / Pidato Materi Pelajaran Bahasa Jawa Kelas 9 Semester Genap

Sesorah / Pidato

Sesorah utawa pidhato iku sabenere klebu ketrampilan micara, yaiku ngandharake sawijining babagan/ prekara marang wong akeh ing sawijining keperluan,kegiyatan lan sapanunggale. Dadi kegiatan sesorah iku mesthine ora maca. Dene menawa ana sing maca iku biasane mung bab bab sing pokok pokok isine wae, dudu sesorah jangkep.



Mengidentifikasi Naskah Sesorah

Identifikasi teks sesorah iku padha karo nitik ciri cirine teks sesorah. Bagian bagian sesorah iku ngemot babagan :

1. Salam pambuka 

Tuladha : Assalamualaikum waromatulohi wabakatuh. Utawa nuwun...

2.Salam pakormatan marang kang padha rawuh/tamu kang disesorahi

Tuladha : ingkang kula hormati bp ibu...kang kinormatan sedherek...

3. Sokur marang Gusti

Tuladha : Monggo kula dherekaken raos puji syukur marang Gusti..

4. Pambukaning sesorah

Tuladha : wonten ing mriki kula badhe matur babagan.....

5. Isi sesorah

Tuladha : magepokan karo bab penting sing arep diutaraake.

6. Wasana/panutup sesorah

Tulafha : cekap semanten atyr kula , mbok bilih wonten kekirangan saha kalepatan nyuwun agunging danudra pangaksama.

7. Salam panutup

Tuladha : akhirul salam wasalamualaikum warohmatulohi wabarokatuh.

Nulis cengkorongane sesorah

Cengkoringan sesorah iku padha karo perangan oeranganw sesorah kang gedhe banget gunane kanggo nulis teks sesorah. Nulis cengkorongan iku dhasare kudu mangerteni aoa ancer ancer isine sesorahe, kaoan lan ana ing ngendi angginebsedorah lan saoa sing disesorahi.

Tuladha: 

Sesorah babagan kautaman sinau

Tujuane sinau, kapan wektune, piye carane sinau sing efektif lsp

Sesorah nalika menehi bimbingan marang siswa dina senin upacara.

Sing diwenehi para siswa.

Nulis Teks Sesorah

Menawa wis gawe cengkorongan sesorah lagi ngrembakaake cengkoringan iku dadi teks sesorah sawutuhe. Dadi cengkorongan kang mung isi bab sing pokok pokok mau banjur dijangkepi kanti penjelasan ukarane supaya gampang dimangerteni marang sing ngrungokake.

Ing kene ana tuladha sesorah kang trep karo kahananmu ing kelad IX kang sedhelok meneh arep ninggalake bangku pawiyatan tumuju sekolah ing sadhuwure, yaiku perpisahan kelas.

Coba gatekno lan wacanen kanthi premati !

SESORAH PERPUDAJAN KELAS

Asasalamu’alaikum warahmatullahi wabarokatuh, sugeng siyang.

Ingkang sanget kula urmati Ibu Kepala SMPN 3 Mojogedang utawi ingkang sulih sarira. Ingkang kinormatan ketua Komite SPMN 3 Mojogedang, ingkang kula urmati ugi Baoak Ibu saha staf jaryawan SMPN 3 Mojogedang sarta rencang rencang kelas IX , dalah adhik adhik kelas VII lan VIII ingkang kula tresnani.

Monggo, panjenengan sedaya kula dhereaken ngonjukaken raos syukur dhumateng Gusti ingkang Maha Kuwaos, amargi sakingvrahmatipun kita sedaya pinaringan sehat wal afiat, saenggo kita saget mangempal wonten aula mriki saperlu ngrawuhi acara perpisahan kelad IX.

Bapak ibu tamu undangan ingkang kula urmati dalah kanxa kanca sarta adhik adhik ingkang kula tresnani.

Kula minangka wakilipun kanca kanca kelas IX SMPN 3 Mojogedang, ingkang sepisan kula ngaturaken puji syokur dhaten Gusti ingkang Maha Kuwaos ingkang sampun paring kanikmatan dalah kanugrahan dhateng kita sedaya. Kula ugi ngaturaken sugeng rawuh para tamu ingkang sampun kersa nglonggaraken wekdal kangge ngrawuhi upacara perpisahan kelas IX menika. Ndadosno rasa bingah ing manah kula. Saenggo karawuhan panjengan sedaya ndadosaken rame acara menika saha berkesan.

Wonten ing adicara menika kula minangka wakilipun kelas IX kepareng matur wonten ing ngarsa panjenengan sedaya, ingksng sepisan, bilih kanthi rampungipun ujian sekolah saha ujian lan lulusipun kula sakanca, ateges kula sakanca sampun namataken pasinaon ing SMPN 3 Mojogedang. 

Kanthi punika kula sakanca badhe nilaraken sekolah punika badhe nglajengaken pawiyatan ingkang langkung inggil malih, injih punika SMA/SMK utawi kursus kursus pelatihan utawi ketrampilan ingkang saget kangge bekal pakaryan.

Ingkang kaping kalihipun, kula sakanca nglengganani mbok bilih kathah kalepatan saha kurang tata kula sakanca dhumateng BapakIbu Guru, wonten mriki kula nyuwun agenging sih samudra pangaksama.

Ingkang kaping tiga, kula sakanca nyuwin donga pangestu dhumateng Bapak Ibu guru supados anggenipun kula napaki pawiyatan ing sainggilipun mriki saget lancar saha gampil anggenipun kula sakanca meraih cita- cita.

Ingkang pungkasan, kula sakanca nyuwun pamit dhumateng Baoak Ibu guru saha adhik adhik nilaraken SMPN 3 Mojogedang niki kanthi raos syukur ingkang mboten saged dipun gambaraken.

Lan kula nitip weling dhateng adhik adhik supados sregeo sinau, nurut dhateng Bapak Ibu guru lan saget lulus sedaya kados kula sakanca, aamiin.

Bapak Ibu guru, para tamu undangan sarta adhik adhik kula ingkang kuka tresnani, mekaten ingkang saget kula aturaken, sepisan malih mbok bilih wonten kekirangan, kalepatan saha klenta klentunipun anggen kula matur nyuwun sih agunge samudra pangaksama.

Akhirul kalam, wassalamuallaikum warohmatulohi wabarokatuh, sugeng siang, nuwun.

Kegiatan siswa :

Wangsulana pitakon ngisor iki kantgi trep !

  1. Kapan sesorah ing dhuwur dilaksanaake ?
  2. Ana ing ngendi kegiyatan sesorah mai dilaksanaake ?
  3. Kepriye salam pambuka paraga sing sesorah ?
  4. Sapa wae sing teka ing sesorah mau ?
  5. Apa isine sesorah mau ?

SUGENG KRIDHANING PARA SISWA