Serat Wulangreh Pupuh Sinom Materi Bahasa Jawa Kelas 7 Semester Genap

SERAT WULANGREH PUPUH SINOM 

TUJUAN PEMBELAJARAN

Kompetensi dasar

  • Memahami teks serat wulangreh pupuh sinom
  • Menanggapi teks serat wulangreh pupuh sinom

INDIKATOR

  • Mangsuli pitakon bab pupuh sinom
  • Ngrembug bab pupuh sinom
  • Nulis isi teks pupuh sinom
  • Nanggapi isi teks pupuh sinom

SATLUMIK Bab Serat Wulangreh

Serat wulangreh kaanggit dening Sinuwun Pakubuwana IV
Isi serat wulangreh piwulang kanggo para putra putri raja
Dene isine bab :L
- tata krama
- pinter-pinter milih kanca
- prihatin
- nyingkiri hawa nafsu
- ngibadah marang Gusti lan liya-liyane

 Pupuh Sinom


Paugeran / pranatan tembang sinom
  1. Guru gatra ana 9
  2. Guru wilangan =8, 8, 8, 8, 7, 8, 7, 8, 12
  3. Guru lagu = a, i, a, i, i,  u, a, i, a
TEMBANG SINOM PADA 1          TEMBANG SINOM PADA 2
Ambege kang wus utama         Ingsun uga tan mangkana
Tan ngendhak gunaning janmi balilu kang sun alingi
Amiguna ing aguna         kabisan sun dokok ngarsa
Sasolahe kudu bathi         isin menek den arani
Pintere den alingi         balilu ing sujanmi
Bodhone dinokok ngayun         nanging batin ingsun cubluk
Pamrihe den inaa         parandene jroning tyas
Mring padha-padhaning janmi lumaku ingaran wasis
Bungah susah den ina sapadha-padha tanpa ngrasa parandene sugih carita

`Tembang Sinom Pada 3 lan 4

Pada 3 pada 4
Tur duk ingsun maksih bocah carita nggoningsun nalar
Akeh kang mituturi wong tuwa kang momong dhingin
Lakuning wong kuna-kuna akeh kang sugih carita
Lelabetan ingkang becik sun rungokken rina wengi
Miwah carita ugi         samengko maksih eling
Kang kajaba saking ngebuk sawise diwasaningsun
Iku kang aran kojah bapak kang paring wulang
Suprandene ingsun iki miwah ibu mituturi
Teka noranana undhaking kabisan tatakrama ing pratingkah kang raharja

Gladhen/ Latihan Makarya

1 . APA TEGESE  TEMBUNG ANGEL NGISOR IKI
- ambeg..... - cubluk..... - Miwah......
- tan.... - tyas....         - kabisan...
- ngendhak..... - wasis....         - sun....
- alingi.....         - maksih.... - rina....
- ngayun.... - amituturi.... - nedya....
- janmi...... - lelabetan..... - ambrekati....
- ina.... - kuna-kuna.....         - kawruhan...
- Ingsun.... - kojah.....         - amasuh...
- balilu.....         - dhingin...... - tinekan.....`

Guna/fungsi negesi tembung angel : kanggo nggampangake anggonne nggancarake tembang macapat

Guna / fungsi Gancarake tembang macapat : kanggo nggampangake goleki isi ing pada tembang macapat

 Gancarake Cakepan Tembang  Sinom

    TULADHA GANCARAN TEMBANG SINOM PADA 1

Watake wong utama iku ora leren tansah migunani kanggo wong akeh, migunani lan nguntungake. Sak paripolahe nguntungake, kepinterane ora diketok-ketokne. Sing diketokne malah bodhone. Pamrihe ben diremehake, dening sapadha-padhaning manungsa. Tansah  seneng lan nampa nadyan diina dening sapadha-padhaning manungsa

TULADHA GANCARAN TEMBANG SINOM PADA 2

 Aku uga kaya ngono kuwi, bodho sing dak tutup-tutupi. Dene kepinteran dakpamerake, isin yen dielek-elek, wong bodho. Nanging batinku pancen bodho, nanging sajroning ati, seneng diarani pinter tanpa ngerti yen sejatine mung wong pinter ngomong

2. Gancarna tembang sinom pada 3 lan 4 kaya tuladha ing dhuwur !
3. Apa gunane negesi tembung angel ing tembang macapat ?
4. Apa tegese ambege kang utama ?
5. Apa gunane awake dhewe yen nyuda dhahar lan guling , uga amasuh sarira ?
6. Apa sing kudu dilakoni yen pingin urip raharja ?
7  Apa pituturi bapak lan ibu kang kudu tansah dilakoni ?
8. Apa karepe pintere den alingi ?
9. Apa karepe bodhone dinokok ngayun ?
10.Keneng apa manungsa isin yen diarani bodho ?